Arisan udan-udanan

solominggu31

Mau sore (02/02/09) entuk info sekilas saka Vidda, tentang pertemuan teman-teman IPS di Solo, dhek Minggu 1 Feb. 2009 neng Solokutha Resto, Jl. M. Yamin 82. Bengine entuk kiriman foto-foto saka Fariz lewat japri. Pancen kanca-kanca IPS wis pirang-pirang tahun nganakake kumpulan kaya ngene. Mulane pas Reuni 2008 neng Palm Resto sing rawuh yo paling akeh. Ora ono rembugan sing wigati, yo mung kumpul kangen-kangenan wae.


solominggu1

Akeh sing ora bisa rawuh marga wiwit esuk udan terus. Nganti pas tilik neng ndaleme Isnu Haryono (Solo Baru)  sakwise pertemuan, yo karo klebus udan-udanan. Mempertimbangkan kondisi cuaca, rencana arep nyambangi  Anto Ki PMS neng ndaleme akhire yo wurung.

solominggu2

Saka kiwa manengen : Budi, Sinung, Eyang Unti, Harti, Fariz, [lali], Gatot, Vidda, Kurie, [lali maneh]

.
Pertemuan berkala triwulan I/2009 iki wis meh pamungkase arisan. Periode terakhir suk neng ndaleme Harti (Hj. Syamsuharti) neng Fajar Indah wulan April 2009. Lha nek sakwise pertemuan April, menawa kanca-kanca arep gabung arisan bisa opo ora? Arisane mung telung sasinan… dadi narike suwi byanget kuwi. Pancen kegiatan arisan yo saderma kanggo pangeling-eling wae, marga sing penting kumpul-kumpul silaturahmi.

Salut kanggo kanca-kanca Kasmaji 81 sing neng Solo. Kanca-kanca alumni ing Bandung, Jakarta, lan Yogya uga kadhangkala  nganakake kumpul-kumpul, nanging ora ajeg/berkala, kayata kanca-kanca ing Solo. Mangga, sing neng kutha liyane ayo nyusul gawe pertemuan berkala, supaya tambah rengket pasedulurane.

.

NB :
Para pamiyarsa, para sutrisna. Nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten klenta-klentuning atur kula, amargi ing piwulang basa Jawi, kula namung pikantuk biji enem. Mekaten.

6 Replies to “Arisan udan-udanan”

  1. selamat kumpul ria yo…
    wah ketoke gambare kok mung mas budi gede,
    kapan meneh ono kumpul=kumpul arisan ?

    salam,
    bima wardhana

  2. Yen basa iki Mas Banu sok rada mudeng.

    Wah kados remen lan gayeng sanget nggih saupami saged nderek kempal kaliyan para kadang jaman enem. Sakjanipun kulo nggih kepngin nderek, senajan mboten arisanipun kepareng silaturahminipun kemawon inggih maturnuwun. Mbok inggiha kula dipun paringi kabar jadwalipun sami kempal, wong kulo meh saben wulan sowan Ibu dhateng Sala. Kadosipun 3 wulanan punika inggih sampun sae kok, menawi saben wulah malah sok kathah ingkang absen. Lha kanca2 IPS punika kepanggih kaliyan Mas Danang Wiweko mboten nggih? Menawi wonten bade nyuwun tulung ngajari Mas Banu, wong Mas Danang ki putrane Bu Karsiyah Guru basa daerah SMP4.

    Maaf ya bagi sebagian rekans yg bukan asli Solo, ini sekedar intermezo biar ada selingan.

  3. Sakjane kasmaji81 sing nang Jabodetabek mestine yo akeh banget, tapi yo kuwi, kabeh podo duwe kesibukan dhewe2. Mungkin yen ono sing mandhegani nglumpukne balung kethek (eh salah) balung pisah, mbokmenowo iso do ngumpul2.

    Mbiyen Ki PMS wis mandhegani ngumpul nang Citos Jkt Selatan, sanadyan mung kurang 10 sing teko, nanging lumayan gayeng nganti restoran-e & mall arep tutup do durung kepengin mulih. Nanging yo mung sepisan kuwi, ora ono lanjutane nganti saiki. Pancen perlu ‘volunteer’ (boso Jawane opo ya?). Lha sing wedok2 ki malah nggawe grup “women’s only” ngumpul dhewe ora butuh kakungan.. trus yen aku arep melu opo kudu salin rok ndhisik, nanging brengos & jenggot arep didelikne ngendi jal?…

  4. wah seneng banget kalau kerso rawuh bln april yad ntar tak pasagke umbul2 selamat datang d kota solo….
    biasanya banyak juga kok temen2 yg rawuh walupun ngga ikut arisan….
    bener yg d bilang mas yudi “sing penting kumpul2”
    oh ya bbrp p’temuan yll danang wiweko jg sering rawuh tp akhir2 ini banyak absennya ….

Leave a Reply to harti Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat