Gandhes luwes… *

Padhang hanarawang sumilak piyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju dhumateng sasana rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mabukuh yayah prayitneng kewuh, ngrememeng kaya lintang Bimasakti hanyuwak tutuking naga, lah punika ta warnanira kang ndaweg hanawung kridha, angayahi gati kinarya Suba Manggala….

(Mangga, Ki Harjo “Rojer” Rajoko a.k.a Joko Raharjo katuran hanglajengaken….)

*****

Dari koleksi foto Kurie.. tanpa keterangan kapan dimana..
Tolong dibantu ya, Kurie!

gandhes #1

Hendy & Retno “Minul” Darmanti

gandhes #2

Susilo & Umbul

gandhes #3

Titi Sasanti (?) .

* lengkapnya begini (dari : Panyandra sang suba manggala mapag kirabing temanten)

… Sumambunging wuri, barisane para kenya Srikandhining praja Nuswantara. Busanane sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra ngrujit ati. Lumampah jejer kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane, susila patrape, hangujiwat eseme, pindha ngawe-awe para kang ana sandhinge….

.

.

5 Replies to “Gandhes luwes… *”

  1. Sami-sami, pak Wandi. Maturnuwun ugi sampun kepareng methik sak perangan panyandra saking blog panjenengan. Mboten kathah priyantun ingkang kagungan blog isinipun nguri-uri kabudhayan Jawi.

  2. Maaf ya Yud, sing menehi keterangan rodo telat.

    Photo kui olehe soko Gatot Sudarmasto. lan pancen ora ono ketrangane. Ning bareng tak eling2, awake dw (SMA 1) wis nate ngenekke acara neng Gedung Wisuda Tama (gedung pertemuan sak wetane Mangku Negaran) wektune kiro kiro wulan April opo Mei sak durunge unggah2an kelas, tahune 1979. Acarane nggon photo kui pas acara Fashion Show, diiringi organ tunggal sing main/pangawake: Wisnuntoro (kasmaji 79) sing saiki jabatane Juru Bicara PERTAMINA.

Leave a Reply to yudi Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat