Kopdar neng TTS

rojer_ntt_1Juedhulll…!!!

Mangkono kedadiane ketemu Rojer (Joko Raharjo) nang kota Soe, Kab. Timor Tengah Selatan. Aku ora ngira blas biso ketemu Rojer nang NTT. Kebetulan wingi tgl. 21-23 Januari 2009 aku ono tugas nang kota Soe-NTT, ngenekake pelatihan media komunikasi lan sosialisasi kanggo pamarintah lan masyarakat Kab. TTS. Nginep lan panggonan pelatihan neng Hotel Bahagia 2. Esuk uthuk-2 pas aku sarapan… eh kok ono uwong sing aku familiar karo rupane…. nganggo kethu. Cuma aku ragu dan lali…sopo yo… Sambi njupuk mangan dan terus mangan sambi ngeling-2…

Ndilalah lho kok uwong iku trus ngomong banter suarane karo kancane. Yess…, ora kleru maneh… kuwi suarane juragan Rojer. Langsung tak ampiri, dhapyuk! Wah, tambah ruame maneh nganti tamu liyane podho nginguk. Trus janjian mengko sore ngobrol-2. Akhire sorene sido ngobrol-ngobrol lan iki fotone. Sayang kethune Rojer ora dienggo.

rojer_ntt_2Janjian meneh sesuk wengi arep mlaku-2…ehh ndadakno Rojer bablas mbalik nang Kupang (home base) bubar soko lapangan. Janjian diperbarui untuk ketemu nang Kupang wae tgl 23. Sayange aku lagi tekan Kupang tgl. 23 wengi wis jam 22 luwih. Ora sido ketemu. Esuke tgl. 24 Rojer sempat mampir hotel nggonku nginep…tapi yo mung sedhela banget, ora iso ngobrol ngalor-ngidul. Foto ke-2 iki waktu ketemuan nang Kupang. Nah Rojer nganggo kethune. Weh…ketoke kuwi kethu jimat…ho’oh ora to, Jer?

Sing aku ora ngiro kedua, aku ketemu artis iklan Aqua… pak Benyamin Bana. Beliau kepala Desa Suni, salah satu desa nang Kab. TTS. Pak Benyamin Bana kebetulan melu pelatihan yang kita selenggarakan. Pasti ora tak lewatke untuk foto bersama beliau… Lha wong foto karo artis je. Sakwise tonya-tanya, ternyata memang Aqua kasih bantuan hibah ke masyarakat desa Suni.

beny_banaBantuan kuwi ujude seluruh material kanggo gawe saluran air bersih mulai soko mata air tekan kran umum neng saben wilayah Rukun Tetangga (RT). Dadi ora ono sambungan langsung menyang omah-omahe penduduk. Kabeh material sing kudu dituku, mulai pipa, kran, semen disediakne pihak Aqua. Masyarakat kari nyiapake tenaga kanggo pembangunane. Hasilnya seperti di iklan TV….“sekarang sumber air su dekat. Beta tidak terlambat lagi ke sekolah. Beta bisa bantu mama ambil air untuk mandi adik”.

Kejaba kuwi Aqua uga menehi bantuan kanggo pelatihan pemeliharaan pipa lan kelengkapane kalebu alat-alat perlengkapane. Saiki masyarakat wis bisa nindakake pemeliharaan dhewe. Kanggo biaya pemeliharaan, saben KK ditarik iuran 1000 rupiah saben sasine.

Eh…meh lali. Wektu aku arep budhal sempat tak kontak om Yanuarius. Tapi ndilalah om Yan lagi neng Jogja nganti tanggal 28, dadi aku ora sido sowan nang daleme om Yan …

Mekaten caritanyo. Maturnuwun.

.

sing kirim artikel: Udi Maadi

6 Replies to “Kopdar neng TTS”

  1. Betul kang, aku yo ra ngiro iso ketemu pak kethu(a) alias kepala suku kasmaji 81 nang Soe NTT. Aku pangling mergane kang Udi saiki tuambah lemu. Wis kapan tindak ke Soe lagi aku kabari, siapa tau bsa crita ngalor ngdul.
    Salam su dekat…..

  2. Sing terngiang nek ndelok pak Benyamin Bana… : dibentuk panitia..ee…sepuluh orang!
    Makasih Udi, oleh2e bikin beta su senang, karena sodara2 kita di tempat jauh juga su senang…

  3. Jan bejo kemayangan tenan kowe Ud. Aku mbayangke ketemu konca neng paran, wis jan sesuatu yg beluim tentu terulang. Kabeh memang keparenge sing kuwasa, opo maneh ketemu bintang iklan. Kapan ketemu aku Ud???

  4. Lha iyo tho Bud…Alhamdulillah kersaning Allah Swt. Tapi yen ketemu kowe kok tak bayangke bakale arep angel tenan. Lha kowe ki mobile banget je…dino iki kabar-kabar nang Semarang… wingi nang Tegal… wingenane neh nang Blitar… sesuk nang Bandung… sesuke nang Papua… weh…po ora duwe udel kowe kuwi? Wis tak tunggu suk yen tindak kantor pusat Bandung wae…

  5. Bener Ud, sing isih tak angkah kepriye ben bisa ketemu neng Bandung, Amarga sakjane aku ya sering dolan mrana. Kamangka kabare sering juga ana acara kopdar neng mBandung ya. Biasane aku dolan yen ana hari libur gandeng, kaya dek Senen 26 Januari aku balik Solo ning malah ora match karo agenda Kopdar Solo Raya (mleset 1 minggu). Sasi ngarep ana prei maulid nabi tgl 9 Maret, aku ya lagi ngatur planning, apa kira2 bisa diarrange acare neng Bandung ya. Jan rasane kangen tenan, soale pas Reuni durung marem. Monngo, dadosss…

    -boed-

  6. Maturnuwun Pak…. sudah menolong kami dengan tulus sebagaimana saudara yang sdh maju menolong saudara yg masih tertinggal, tanpa membawa nama suku atau agama.
    Seandainya Bapak jadi calon Bupati di So’e, pasti terpilih, karena niat yg tulus untuk membangun kami dari ketertinggalan. Hormat kami untuk Bapak dan keluarga.

Leave a Reply to Boedi M Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat