Dhawuhe Ramane Ira Sumarah

ira2Oleh Ira Sumarah
via WhatsApp Group
1 Oktober 2016

.

.

Almarhum Kêng Rama mbiyèn naté wêling, “Wuk ana 3 jenis manungsa sing kudu mbok mangêrtèni.”papi

  • Sepisan sing madhêp mantêp ndhèrèk Gusti. Sadhar mênawa dhèwèké kuwi mung titah kang ngganêpi rêncana Allah nganti paripurnaning ndonya. Mula manungsa kang sepisan iki, wêdi banget tumindak dosa, tansah mituhu dhawuhing Gusti minangka Qur’an lan Hadist. Uripé tansah manêmbah, nyambut gawé lan tumindak, dhasaré ibadah. Mulane adoh saka sêrakah, maksiat, apa manèh ngunggul-unggulké awaké dhéwé.
  • Manungsa sing kapindo sinêbat jalma antara. Wedi dosa ning seneng kadonyan. Mulané bingung, kadhang nggênah, kadhang melu tumindak kang ala. Manungsa kapindho iki biasané munafik. Beda ngarêp lan mburiné. Mulané pinter ndhêlikaké tumindak/barang alané. Uripé kakèhan apus-apusané, ben ra konangan sêjatiné. Manungsa kapindho iki mênawa bisa diélingké manungsa sepisan mau banjur ngibadah sing bênêr. Tobat nasuha. Muga-muga isih bisa husnul khotimah. Waton bênêr ora ngambah barang kang ala mau.
  • Sing paling mêdèni kuwi manungsa kaping têlu. Iki wis niat dadi balané iblis. Kabèh paugêraning Gusti ditabrak. Kadonyané kênthêl. Suwéning-suwé nganggêp dhiri pribadhiné kaya Gusti. Gila sanjungan, dhêmên pengalêm, têgêl lan mêntala mring sapadha-padhaning urip, mêrga ukuran salah lan bênêr dhèwèké sing ngatur.

Eling terus dhawuhé Kêng Rama yo Wuk, têngêranmu Sumarah, pasrah mring karsaning Allah.

====================

papi

*Ira nek ngaturi Ramane = Papi.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat