Kopdar Arisan Maret 2013

Kopdar arisan Kasmaji 81 Solo dan sekitarnya periode Maret 2013 diunduh keluarga Prasodjo Hari Nugroho, dhek dina Minggu (17/03). Acarane neng Warung Sumringah Colomadu sing panggonane neng pinggir sawah suguhane sarwo seger sumyah. maret1Gambar ndhuwur: PrasoDjoHN sak brayat. Bu Prasodjo doktor ilmu penyakit tanaman, mbarepe Pras wis arep wisuda TP, sing panengah uga wis kuliah (sekolahe ngebut, smp karo sma mung @ 2 tahun), sing wuragil isih SMA. Lha sing ngadhepi semongko kuwi Candra yang ndilalah lagi Nyolo langsung ngabung karo kanca-kanca. 

maret2Sinambi dhedhaharan, Isnu sharing soal perbankan karo kasus-kasus penipuan perbankan lewat SMS/BBM supaya para kanca ngati-ati lan waspadha. Sing liyane, kaya adat saben …absen kadar kolesterol, tekanan darah, lan sak panunggale… Maklum wis dho nyeket. Suk Mei sing ngundhuh arisan Mama Ira, kabare arep ditraktir neng Boga-Bogi.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat