Saweran Sadinten Setunggalewu

Woro-woro

Kulonuwun,
Poro kadang, Ibu-ibu dalah Bapak-bapak ingkang minulyo,

Ngaturi wuningo bilih kula nembe kadhapuk dados donation collector (langkung alus sakedhik tinimbang debt collector) kangge urunan S3 (Saweran Sadinten Setunggalewu).  Matur nuwun kagem Ibu-ibu lan Bapak-bapak ingkang sampun kintun saweran, mugi2 kaikhlasan Ibu-ibu lan Bapak-bapak dipun ganjar kasaenan ingkang mboten kepetang kathahipun.

Kagem para Ibu dalah para Bapak ingkang sampun maringi komitmen ananging dereng wonten wekdal tindak dhateng ATM jalaran nembe kathah kesibukan, kula namung ngengetaken sumonggo enggal-enggal (hurry up) tindak ATM ingkang paling celak kangge beramal, sakderengipun dipun timbali dening Ingkang Maha Kuwaos,  kamangka taksih sakedhik ngamalipun.

Sumonggo badhe transfer kangge sewulan (30ewu), dipun rapel saking Januari ngantos ngApril dados (120ewu), utawi langsung setunggal tahun (360ewu), menopo kados salah satunggaling Bapak ingkang langsung nyetor 1.5 jeti (alhamdulillah, mugi-mugi tansah pinaringan rejeki ingkah kathah lan barokah.. amien).

Manawi sampun transfer, sumangga kula aturi paring pawartos via japri mawon mboten sisah via jambrong (jalur rombongan).  Ingkang kagungan rek BCA saget dipun transfer dhateng rek nomer 7770843078  a/n  S. Hartati WDREW.

Semanten rumiyin, amargi kula sampun blangkemen lan nuwun sewu manawi basanipun taksih plethat-plethot….

Nuwun,
Didiet Priatmadji
TTS (tukang tagih sumbangan)

2 Replies to “Saweran Sadinten Setunggalewu”

  1. Mas Didiet,
    Mustajab woro2nya, terbukti di saldonya yang makin ‘ngremboko’ jumlahnya. Amin. Halo2nya gk banyak ditanggapi (ojo dadi atimu mas), ananging konco2 langsung action..
    Saklajengipun… dipun rembag pemanfaatannya. Dipun share wonten milis mas…monggooo
    Salam

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

WhatsApp chat